Menyang kontèn

Taksi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Taksi

Taksi ya iku angkudan umum kang nggunakaké montor kanggo ngangkud penumpang.[1] Taksi lumrahé nggunakaké mobil jinis sédan, nanging ing nagara-nagara liyané ana uga taksi jinis van kang bisa ngangkud luwih akèh penumpang lan barang.[1]

Tarif taksi diitung nganggo rong cara,[1]

  • kanthi nggunakaké argomèter-diitung kanthi otomatis gumantung adohé let kang ditempuh[1]
  • miturut kasepakatan-penumpang lan sopir nyetujoni tarif sadurungé utawa sawisé perjalanan[1]

Bedané taksi karo angkudan umum dharat kang modhèren liyané kaya ta bus ya iku cacahé penumpang.[1] Yèn bus ngangkud akèh penumpang nanging taksi mung kamot 4 penumpang, awit taksi nggunakaké montor.[1] Taksi lumrahé ngangkud penumpang kang ana ing kalompok tinamtu.[1]

Montor kanggo taksi

[besut | besut sumber]
Ford Falcon ing Australia (Taksi)

Montor kang akèh digunakaké minangka taksi ya iku:[1]

Istilah "taksi" uga kena ngarah ing angkudan umum liyané saliyané montor kang ngangkud penumpang kang cacahé mung sithik, kaya ta taksi air.[2] Taksi iki sabeneré mung wujud prau.[2]

Taksi air

[besut | besut sumber]

Taksi air wujud prau kang ana mesiné.[2] Taksi air lumrahé diséwa kanggo lelungan ing wayah kang tinamtu.[2] Taksi air akèh tinemu ing kutha-kutha kang diliwati kali gedhé kaya ta Palembang, Samarinda utawa ing pinggir tlaga kaya ta Parapat, Tarutung.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i green.autoblog.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e forumkami.net Archived 2022-06-29 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)


pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy