Menyang kontèn

Komponèn biotik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kéwan minangka komponèn biotik

Biotik yaiku istilah kang racaké digunaake kanggo nyebut sing urip (organisme). Komponèn biotik yaiku komponèn kan nyusun ékosistem saliyané komponèn abiotik (ora duwé nyawa). Conto komponèn biotik yaiku manungsa, kéwan, tetuwuhan. Miturut peran lan fungsi, mahluk urip dibedakajé dadi 3 macem, yaiku:

  • Autotrof / prodhusèn yaiku mahluk hidup kang bisa mesintesis panganan dhéwé kanthi bantuan cahya srengéngé.
  • Heterotrof / konsumèn yaiku kelompok organisme kang ora bisa mesintesis panganan dhéwé pramila njupuk saka prodhusèn (hèrbivor, karnivora). Komponèn heterotrof uga diarani konsumen makro (fagotrof) amarga pakanan sing dipangan ukurane luwih cilik. Sing kagolong heterotrof yaiku manungsa, kéwan, jamur, lan mikroba.
  • Dekomposer / pengurai yaiku organisme kang nduwé peran sing nguraiaké tilas-tilas mahluk urip kaya ta: lumut, baktèri, jamur. Uga ana pengurai sing diarani detritivor, yaiku kéwan pengurai sing mangan sisa bahan organik, tuladhané yaiku kutu kayu. Tipe dekomposisi ana tiga, yaiku:
  1. Aerobik: oksigèn yaiku penerima elektron / oksidan.
  2. Anaerobik: oksigèn ora libat. bahan organik sebagai penerima elektron /oksidan.
  3. Fermentasi: anaerobik namun bahan organik sing oksidasi ya minangka penerima elektron. Komponèn iku ana ing nggene lan berinteraksi mbentuk kesatuan ékosistem sing teratur. tuladhané, ing ékosistem akuarium, ékosistem iki kapérang saka iwak sebagai komponèn heterotrof, tumbuhan banyu sebagai komponèn autotrof, plankton sing ngapung ing banyu sebagai komponèn pengurai, saliyané iku sing kalebu komponèn abiotik yaiku banyu, pasir, watu, mineral lan oksigèn sing larut ing banyu.
pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy