Content-Length: 238465 | pFad | https://jv.wikipedia.org/wiki/#cite_note-13

Wikipédia, bauwarna mardika Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.106 artikel
Pagelaran binuka balèt Ramayana Prambanan kang ginelar saka sasi Mèi tekan Oktober.
Pagelaran binuka balèt Ramayana Prambanan kang ginelar saka sasi Mèi tekan Oktober.
Balèt Ramayana Prambanan iku tontonan kang nggabungaké jogèd lan sandiwara tanpa pacelathon, ingusung saka carita Ramayana lan ginelar ing cedhak Candhi Prambanan ing Pulo Jawa, Indonésia. Balèt Ramayana Prambanan minangka balèt kang ajeg dhéwé mitontonaké balèt Ramayana wiwit taun 1961. Pamilihé wujud balèt kanggo mitontonaké wiracarita Ramayana iku amarga balèt nengenaké obahing awak kanggo mahyakaké surasa, tanpa pacelathon, mula ingajab bisa dingertèni para kang nonton saka manéka latar wuri budaya lan basa. Carita Ramayana isi bab lelakoné Rama nylametaké Sinta kang dibedhog ratu Alengka, ya iku Rahwana. Gagrag balèt Ramayana Prambanan iku ana cacah telu, ya iku gagrag Prambanan, Surakarta, lan Ngayogyakarta kang sumberé saka ciri obahan ing wayang wong. Balèt Ramayana Prambanan lumrah kagelar saben dina Slasa, Kemis, lan Setu. Gelaran ing pagelaran binuka mung ing mangsa katiga. Kajaba iku, gelaran katindakaké ing pagelaran tinutup. (Waca candhaké)


Mas Soemo Bojong (1942), filem cekak kang ngrembug tumekaning Jepang ing Jawa.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 63.895 akun lan 74.106 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
  • 1997 - Dina Kemis Kliwon, Ketua Umum Dewan Pimpinan Pusat Partai Golongan Karya Harmoko, kapilih dadi ketua DPR/MPR mangsa periode taun 1997 – 2002. Déné sing kepilih dadi wakil-wakilé yaiku Abdul Gafur (Fraksi Persatuan Pembangunan), Syarwan Hamid (Fraksi ABRI), Ismail Hasan Metareum (Fraksi Persatuan Pembangunan) lan Fatimah Achmad (Fraksi PDI). Ing MPR, pimpinan DPR sing uga dadi pimpinan MPR mau isih katambahan Wakil Ketua Fraksi Utusan Daérah yaiku Poedjono Pranyoto.








ApplySandwichStrip

pFad - (p)hone/(F)rame/(a)nonymizer/(d)eclutterfier!      Saves Data!


--- a PPN by Garber Painting Akron. With Image Size Reduction included!

Fetched URL: https://jv.wikipedia.org/wiki/#cite_note-13

Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy